Mudah menghakimi seolah" kau tau segalanya namun kenyataannya yg kau tau hanya sebuah kapal pesiar yg berlayar di samudera yg luas
Don't wanna be here? Send us removal request.
Quote
Everything you need for your destiny is within reach. Pray that God will open your eyes to opportunities, people and resources.
twitter
0 notes
Text
Matahari, Bulan dan Bumi
Kita seperti bulan dan matahari yang bertemu hanya saat terjadi gerhana. Setelahnya bulan harus menunggu waktu yang lama untuk bertemu dengan matahari. Selama itu, bulan jadi lebih dekat dengan Bumi dan harus merelakan mereka bersama. Namun, matahari tetap bersabar dan menyinari mereka meskipun kadang matahari menjulurkan lidah api sebagai lambang kesedihannya.
2 notes
·
View notes
Photo

Believe in God
0 notes
Text
Cerita Jawa Pendek/Cerita Cekak (Cerkak)
Minggu Mbulet
Dino iku dino minggu. Dino minggu pas iku rasane bedo, amarga aku ora menyang Grejo, mergane ana seleksi kanggo mapensi. Mulane aku budal jam 8 luwih seprapat amarga bandku tsmpil urutan pertama. Pas tutuk cedeke Masjid Al-Huda, dalane macet, aku mulai gopoh. Pas wes tutuk pertigaan katene nang Smada, dadine dalane ditutup amarga ana karnavale Smakensa. Aku mulai tambah gopoh ora karuan, aku langsung golek dalan muter. Aku wus muter liwat embong kembar, pas wus tutuk perempatan lampu merah pelita, dalane dadi ditutup pisan. Aku mulai kesel, lan dalane langsung dak terak ae. Untung pas iku ono Aldi Vega, koncoku sak band dadine aku ora wedi katene nerak dalan.
Aku wus tutuk nyang sekolaan, tibake acarane sek durung dimulai. Aku lan bandku, Majesty sing isine ana Ali, Zeta, Aldi Vega, Aldino wus siap kanggo tampil seleksi, dadine acarane ora dimulai mulai. Acarane molor suwe, aku mulai getun aku ora menyang Grejo. Sekitar jam 9an, acarane dimulai, aku lan konco bandku mlebu Pinandhita Hall. Mic e butuh 2 kanggo aku lan Ali sing dadi backsounde. Tapi stand mic e ora kenek kanggo nyangga mic sg kanggo Ali, akhire Aldo nyekeli mic sing kanggo Ali. Aku yo kudu ngguyu ndelok Aldo nyekeli mic kanggo Ali sak dowone lagu. Bandku tampil wus koyo ning studio kuwi.
Sakwise tampil sekitar jam setengah 10an, aku langsung metu teko sekolahan. Aku katene metu dolan karo Melis. Moro moro Aji sms aku yen arek e wus ng Lumajang, lan ngajak latian kanggo seleksi mapensi sing nyanyi akustik mergane durung tau latihan. Untung ae seleksine tepak sing urutan terakhir, dadine sek iso latihan. Aku mulai bingung, amarga aku wus kadung gawe janji karo Melis, lan Melis uga wus ana ning Lumajang sisan. Amim sisan yo SMS aku kaya Aji ngono, lan Melise rodok mbulet dadine ora ketemu ketemu.
“ Ji, engkok latian jam setengah 11an ae yo? soale aku sek ono urusan nyang njobo diluk” smsku nyang Aji
“ Gampang wes, aku iki yo sik mangan kok”
Mula teko iku aku langsung marani Melis. Aku lan Melis langsung menyang Blessing kanggo tuku es seng wus dadi tujuan pertamane dolan iku.
“ Sepurane yo lis, aku ora bisa suwe, amargane aku kudu latian kanggo engkok awan” ujarku karo ngombe es
“ Iyo, ora apa apa kok na, semangat yo. Tak dungakne lolos wes” sahute Melis
Sakwise iku aku langsung mulih nyang omahku, tibake Aji wus ana omahku. Aku latian nyanyi karo Aji. Ora suwe, Amim uga teka nyang omahku. Sekitar jam 12an Fandy sms aku yen giliranku wus katene tampil. Aku, Amim, lan Aji langsung kesusu menyang sekolahan. Pas wus tutuk sekolahan tibake acarane sek break lan gilliranku sek suwi pisan. Aku langsung latian maneh karo arek-arek.
Sakwise tampil kanggo seleksi, aku, Amim, Aji meneng-mengan neng sandinge PH. Ora suwe, Aji nyelang sepeda motorku kanggo nyang omahe Kevin, jarene ora suwe. Suwe aku ngenteni karo Amim, Aji ora balek nyang sekolahan. Amim mulai bosen lan langsung ngeterno aku mulih gawe mbalekno alat kanggo seleksi mau, trus ngeterno aku nyang omahe kevin. Pas wus tutuk omahe Kevin, aku dijak mangan mangan ning acara ulang taune Kevin.
Sakwise iku aku moleh nyang omah, tapi omah sepi, mama metu nyang endi aku ora wero. Moro moro aku sadar yen earphoneku ora onok. Aku mulai bingung golek i earphoneku kuwi, lan ngebbm i arek arek seng mau dak temoni. Ora suwi mamae Melis sms aku.
“ Dik, Melis saiki karo kowe ta?” takone mamae Melis
“ Mboten te” Jawabku
“ Ket mau ora karo kowe?” takone maneh
“ Mboten te, mung wau siang jam 10an lajeng dheweke mulih, kuwi wae” jawabku
“ Oh yo wis, Melis durung bali soale” jawabe mamae Melis
“ Loh? Nopo mboten saged dihubungi ta te? Dheweke mau pamit teng pundi” jawabku
“ Wau tante wus bbm, wa, telpon, yo ora kenek kabeh dik. Yen jam 10 mau, tante ngerti yen Melis dolan karo kowe terus mau sore pamit tuku pakane kucing” critane mamae Melis
“ Inggih dheweke mau nggih pamit teng kula yen badhe tumbas maeme kucing. Siktas kula telpon nggih mboten saged. Coba tanglet rencangipun te...” Aku ngetik sms karo ndredeg ora karuan
“ tante ora duwe nomere kancane Melis, duwene yo nomermu kuwi dik. Yo wis, maturnuwun ya” Jawab mame Melis
“ Waduh, kula nggih mboten nggadah nomeripun rencange Melis te. Nggih menawi wonten ingkang saged kula bantu, tante sanjangi kula pun” Jawabku karo kemringet pas njawab sms iku
“ Inggih dik maturnuwun” Sms terakhire mamae Melis pas iku
Rasane jantung ini kaya mandek sediluk wero berita iku teko mamae Melis. Kaitan iki mamae Melis sms kondo yen Melis ilang kaya kuwi.
“Dhuh Gusti, dino iki kok abot tenan yo? wus earphone ilang, dadi saiki Melis ilang. Iki apa polae aku ora nyang Grejo ya? Sepurane Gusti” Aku mulai ngersula ing batinku, pikiranku wus campur campur ora karuan kaya gado gado kuwi, nanging yen gado gado isih enak ana sambele sing garai pedes legi gurih, yen pikiranku campur campur ora ana enak enak e blas.
Aku langsung metu mubeng mubeng Lumajang kanggo golek i Melis. Aku yo iling yen tugasku wus mari kabeh dadi ora sepira kepikiran wisan. Rodok suwi aku muter muter lan njajal nelpon i Melis, Melis telpon aku.
“ Na, aku wes ning omah “ Ujare Melis
“ Teka ndi ae ket mau?! Mamamu nggoleki kowe sampek sms aku lo “ Jawabku karo rodok ngamuk
“ Banku bocor na, hpku baterene entek. Aku ora wero iku panggene opo jenenge ” Jawabe Melis
“ Yo sak gak gak e baterene iku aja dientekno ta. Sakaken mamamu bingung goleki kowe. Aku yo melu bingung sisan. Tuku pakane kucing kok yo suwe tenan ta, sampek yahmene. Nek ana apa apa yaapa?” ujarku karo nada pegel tapi sek tak tahan
“ yo sepurane na, aku yo ra ngerti. Tokone mau tutup dadi aku golek panggon liya kanggo tuku pakan” ujare Melis karo suarane kaya wus bersalah nemen
“ Yo ora apa apa wes. Njaluko sepura nyang mamamu wes. Pokoke kowe slamet wes” jawabku njajal ngomong alus
Asline atiku rodok pegel polae Melis ilang ora kondo kondo, tapi yo ora apa apa sing penting Melis slamet.
Pas aku tutuk nyang omah, mama sik durung balik, aku langsung nyang kamar turu turuan. Moro moro aku kepikiran ora ngerti apa, aku langsung nyang kamare mama. Aku kaget yen nyang kunu ana earphoneku. Lega rasane atiku, Melis ketemu lan earphoneku ketemu. Moro mamae Melis sms maneh
“ Melis wes ning omah dik, maturnuwun” smse mamae Melis
“ Oh inggih te, syukur wis” Jawabku
“ Maturnuwun dhuh Gusti, maturnuwun sanget” ning batinku aku maturnuwun sanget marang Gusti.
Ora suwe, mamaku bali. Mamaku tibake metu karo mbah, tante, om lan adikku sing teka Tunjungrejo. Aku ditukokne jajan akeh lan mbahku menehi aku duwit sangu. Sakwise iku aku langsung turu.
1 note
·
View note
Photo

I’m going to smile because I want make you happy, laugh, so you won't see me cry. Even when the reason for your smile and laugh is not me again. I’m going to let you go, if it's could make you happy. Even if it kills me, I’m going to smile. If you hate me, okay. You forget me? Okay. But one, never forget our story. Please. They're too special to forget. -Melis
1 note
·
View note