Tumgik
#c: saiki abdi
imamriyadi · 3 years
Text
EMPAN-MAPANING TEMBUNG
Dening:
Imam Riyadi
Guru SMP Negeri 1 Kanigoro litar
                                      Ingkang dipunwastani empan mapaning tembung inggih punika cak-cakanipun tembung wonten ing salebeting ukara. Tembung-tembung ingkang badhe karembang wonten ing ngriki inggih punika tembung-tembung ingkang nggadhahi teges sami utawi meh sami ananging cak-cakanipun ing salebeting ukara benten-benten. Bab empan mapaning tembung punika perlu kaandharaken wonten ing ngriki, awit bab punika wigatos sanget supados kita saget mbenten-mbentenaken kados pundi pengetrapaning saben-saben tembung ing salebeting ukara.
 1. Tembung “marang” kaliyan “menyang”
a.  Tembung “marang” dipuncakaken tumraping tiyang utawi bab (prekawis).
Tuladhanipun:
Aku arep kandha marang dhik Handoko menawa aku sesuk ora sida melu menyang Surabaya.
Esuk mau Hadi wis matur marang gurune ngenani kedadeyan sing dumadi ing kelas.
Aku dhewe ya ora bisa nyalahne marang anane kedadeyan sing wis padha dilakoni dening keluwargane Mas Handoyo.
b. Tembung “menyang” dipuncakaken tumraping papan panggenan.
Tuladhanipun: 
Bocah-bocah nalika prei semesteran iki padha nganakake plesir menyang tlaga Sarangan.
Bapak sesuk sore arepe tindak menyang Jakarta nitih sepur Arga Lawu.
 2. Tembung “mung” kaliyan “nanging”
a. Tembung “mung” tegesipun mligi, boten langkung, boten wonten sanesipun.
Tuladhanipun:
Bocah 15 calon peserta lomba nembang macapat sing dipilih dening Bu Anita mung Wahono thok, jalaran mung dheweke sing swarane jumbuh karo titi larase.
Soal-soal ulangan mau aku ra kangelan olehku nggarap, jalaran mung diterangake sepisan dening Bu Guru.
b. Tembung “nanging” mujudaken tembung pangiket ingkang ngemu suraos kosok-balen.
Tuladhanipun:
Aku mau sakjane ya wis sarapan, nanging olehku sarapan mung sethithik.
Kowe takwenehi dhuwit, nanging aja nganti kandha marang adhimu ya.
 3. Tembung “dikon” kaliyan “dikongkon”
a. Tembung “dikon” kramanipun “dipun-ken” dene krama inggilipun “dipun-dhawuhi”, saget ugi kangge (kapreluwan) tiyang ingkang dipunkengken utawi dipunprentah.
Tuladhanipun:
Merga wis bengi Budi dikon turu, isih durung gelem. (Kangge kepreluwanipun Budi piyambak, supados benjingipun boten ngantuk).
Kula dipun-ken nyambi ajar nembang macapat. (Kangge kapreluwan kula piyambak, supados kula saget nyekar macapat).
Kula dipun-dhawuhi, sinau dados pranatacara, supados benjingipun saget dados pranatacara ingkang kondhang.
b. Tembung “dikongkon” karmanipun “dipun-kengken” dene kra inggilipun “dipun-utus”, kangge (kapreluwan) tiyang ingkang dipunkengken utawi dipunprentah.
Tuladhanipun:
Aku dikongkon njupukne buku (dening) Handoko ing njero lemari. (Kangge kapreluwanipun Handoko).
Adhik dipun-kengken kancanipun, mamitaken dhateng bu Guru. (Kangge kapreluwanipun kancanipun adhik).
Hartono dipun-utus Pak Joko, ngaturaken serat dhateng Kepala Sekolah. (Kangge kapreluwanipun Pak Joko).
 4. Tembung “bengok-bengok” kaliyan “bengak-bengok”
a. Tembung “bengok-bengok” mujudaken tembung dwilinga wantah saking tembung lingga “bengok” ingkang ngemu suaros nyuwun tulung, amargi ajrih utawi wonten satunggaling bebaya.
Tuladhanipun:
Esuk mau dhik Nardi ing jedhing bengok-bengok, merga keweden ana ula.
Mau bengi bareng weruh ana glibeding wong kang seja ala, aku banjur bengok-bengok alok ana maling.
b. Tembung “bengak-bengok” mujudaken tembung dwilingga salin swara ngarep saking tembung lingga “bengok” ingkang nunggil suraos kaliyan “broak-braok”, kalebet tindak ingkang kirang trapsila.
Tuladhanipun:
Geneya kowe mau kok bengak-bengok ing njero kelas, ngono iku ngganggu kelas liyane sing lagi diwulang.
Bengi-bengi aja bengak-bengok urut dalan, mundhak ngeget-egeti wong-wong sing wis padha turu.
 5. Tembung “ngriki” kaliyan “mriki”
a. Tembung “ngriki” mujudaken tembung krama saking tembung ngoko “ing kene”, kangge nyilahaken papan penggenan.
Tuladhanipun:
Ngriki boten wonten tiyang sadeyan bakso, ingkang wonten ngriku kaliyan ngrika.
Supados boten kejawahan daganganganipun sampeyan pundhah ngriki kemawon, supados langkung aman.
b. Tembung “mriki” mujudaken tembung krama saking tembung ngoko “mrene” tegesipun ngener wonten ing mriki.
Tuladhanipun:
Mbakyu bakul, sampeyan mriki mawon kula badhe tumbas!
Kanca kula sampun tigang dinten boten mriki, kinten-kinten taksih sakit.
 6. Tembung “arep” kaliyan “bakal”
a. Tembung “arep” nerangaken wekdal ingkang boten dangu malih (tumrap samukawis ingkang badhe kelampahan).
Tembung “arep” ugi nggadhahi tegese “purun” utawi “doyan” kosok wangsulipun “emoh”.
Tuladhanipun:
Aku saiki arep mangan dhisik, entenana neng njaba kono wae ya.
Adhimu isih arep salin klambi ing njero kamarmu kono, kowe ngaliha dhisik!
Yen kowe arep, pangananan iki panganene, nanging yen emoh aja kokbuwang lo!
Aku mau masak bobor, tibake bocah-bocah ora ana sing arep.
b. Tembung “bakal” nerangaken wekdal ingkang sampun dangu kelampahanipun.
Tembung “bakal” ugi nggadhahi tegese “calon” utawi “bahan”.
Tuladhanipun:
Suk taun ngarep iki adhikmu bakal njaluk sekolah ing kutha.
Besuk sasi Besar iki kancaku bakal ningkahan oleh tanggane dhewe.
Mas Handoko kuwi jebul bakal lurah desa kene. (calon lurah)
Aku pengin tuku bakal klambi sing kaine luwih alus. (bahan klambi)
 7. Tembung “ngloropake” kaliyan “njlomprongake”
a. Tembung “ngloropake” tegesipun paring rembag, nanging yen diturut, tiyang ingkang nampi rembag wusananipun ngalami kasengsaran.
Tuladhanipun:
Dar, tinimbangane kowe sekolah mbuwang-mbuwang ragad akeh, ayo melu aku wae dadi brandhal menyang kutha gedhe, mengko kowe mesthi bisa oleh dhuwit akeh.
b.  Tembung “njlomprongake” tegesipun mblasukaken utawi nyasaraken
Tuladhanipun:
Saking Surabaya menawi badhe tindak Jember nitih sepur kedah nitih sepur ingkang jurusan Banyuwangi. Nanging menawi badhe njlomprongaken, diken nitih sepur ingkang jurusan Yogyakarta.
 8. Tembung “suwe” kaliyan “lawas”
a. Tembung “suwe” (kramanipun dangu) tegesipun ing wekdal ingkang boten panjang, panjang-panjangipun namung ukuran sasen.
Tuladhanipun:
Apa wis suwe rawuhe Bapakmu saka Surabaya?
Sampun dangu anggen kula ngrantos kintunan arta saking Bapak, nanging ngantos sapunika kok dereng dugi.
b. Tembung “lawas” (kramanipun lami) tegesipun ing wekdal ingkang panjang, ngantos mataun-tauh, puluhan taun utawi langkung.
Tuladhanipun:
Aku ya wis lawas banget ora mulih menyang tanah Jawa.
Panjenengan sampun lami nggih dedalem wonten ing kitha Surabaya ngriki?
 9. Tembung “jaman biyen” kaliyan “jaman kuna”
a. Tembung “jaman biyen” kramanipun jaman rumiyin, krama inggilinipun ing wekdal ingkang sampun kapengker lami ngantos atusan taun, kosok-wangsulipun “besuk” utawi “benjing”.
Tuladhanipun:
Ing jaman rumiyin tiyang boten kenging lumebet ing pendhapa agung ngriki kejawi namung para abdi dalem kemawon.
b. Tembung “jaman kuna” kramanipun jaman kina, krama inggilipun ing wekdal ingkang sapun kapengker lami sanget ngantos ewon taun.
Tuladhanipun:
Ing jaman kina, saderengipun tiyang ngertos dhateng tosan, dedamelipun tiyang saking sela utawi kajeng.
 10. Tembung “ngiring” kaliyan “ngirid”
a. Tembung “ngiring” tegesipun mlampah tut-wingkinging kewan (ngeteraken) dhateng satunggaling panggenan, kadosta: Toni nggiring menda dhateng ara-ara = mlampahipun Toni wonten ing wingking, mendanipun wonten ing ngajeng.
b. Tembung “ngirid” tegesipun ngetutaken (ngeteraken) dhateng satunggaling panggenan, mlampahipun tarkadhang wonten ing ngajeng, tarkadhang wonten ing tengah utawi wonten ing wingking. Tuladhanipun: Guru ngirid murid. Senopati ngirid wadyabala.
 11. Tembung “bali” kaliyan “mulih”
a. Tembung “bali” (kramanipun wangsul, krama inggilipun kondur), tegesipun dhateng panggenan sakawit.
Tuladhanipun:
Mengko kowe apa sida bali maneh menyang panggonan olehmu kemah?
Kala wingi bibar sekolah, sadumuginipun ing griya, kula kepeksa wangsul dhateng sekolahan malih, amargi payung kula kentun wonten ing lebet kelas.
b. Tembung “mulih” (kramanipun mantuk, krama inggilipun kondur), tegeseipun dhateng ing griyanipun piyambak.
Tuladhanipun:
Aku mambengi sidane nekat mulih, merga adhikku neng ngomah ora ana kancane.
Kalawingenipun, jalaran jawah, mantuk kula saking sekolahan ngantos jam 14.00, dumugi ing griya jam 14.30.
 12. Tembung “ngandel”, “pitaya”, kaliyan “pracaya”
a. Tembung “ngandel” nggadhahi teges pangandeling ati dhumateng katemenan.
Tuladhanipun:
Aku ngandel marang tumemening watake Handoko, jalaran sangertiku dheweke ora tau ngapusi, tansah jujur.
b. Tembung “pitaya” nggadhahi teges pangandeling ati dhumateng kawekelan, kaprigelan, lan kacakepan.
Tuladhanipun:
Aku pitaya prentah momong bocah marang Juwariyah, jalaran dheweke pancen mitayani yen dikon momong.
c.    Tembung “pracaya” nggadhahi teges pangandeling ati dhumateng samukawis ingkang gegayutan kaliyan keyakinan utawi agami.
Tuladhanipun:
Aku pracaya banget menawa gusti Allah iku ana, lan pracaya menawa para Nabi iku utusane Allah.
 13. Tembung “uni”, “swara” kaliyan “sabawa”
a. Tembung “uni” mapanipun wonten ing barang ingkang mawi nyawa kadosta: Krungu unine manuk ngoceh atiku seneng. Tembung “uni” ugi asring kaampil tumrap barang ingkang tanpa nyawa.
Tuladhanipun:
Aku mau kaya krungu unine rebab ing njero ruwangan kono, sapa sing ngunekne?
b. Tembung “uni” menawi dipuntrapaken dhateng manungsa, kalebet tembung kasar.
Tuladhanipun:
Ayo, kowe mau muni kepriye? Wis ta sakarepmu, sauni-unimu aku ora bakal ngreken.
c. Tembung “swara” mapanipun wonten ing barang, kadosta: Swaraning gamelan, swaraning angin, lan swaraning alune segara.
Tembung “swara” asring kaampil tumrap ing tiyang (manungsa), kadosta: Rungokna, kae swarane bocah nangis apa swarane bocah nembang.
d. Tembung “sabawa” mapanipun wonten ing barang ingkang mawi nyawa, kadosta: Bengi iki awake dhewe kudu betah melek, merga ana sabawane wong kang duwe sedya ala.
 14. Tembung “ana dene”, “apa dene” kaliyan “apa maneh”
a. Tembung “ana dene” sami kaliyan tembung “wondene” (wancahanipun tembung wonten dene), dipuntrapaken kangge murwakani gatraning ukara ingkang wingking.
Tuladhanipun:
Aku bisa mrelokake teka ing omahmu, ana dene embahmu ora, wong wis tuwa, rekasa lakune.
b. Tembung “apa dene” pangetrapanipun wonten ing sangajengipun tembung (barang) ingkang dipunsebataken kentun piyambak.
Tuladhanipun:
Kowe lan adhimu apa dene mbakyumu mengko bengi arep takajak nonton bal-balan ing stadhion.
c. Tembung “apa maneh” kaginakaken kangge muwuhi katrangan ingkang suraosipun langkung sereng (langkung sanget).
 15. Tembung “tuku”, “kulak”, “mborong”, kaliyan “nebas”
a. Tembung “tuku” (kramanipun tumbas) tegesipun ngalap barang sarana nglintoni yatra.
Tuladhanipun:
Aku mau tuku gula rong kilo regane Rp 21.000,00.
Kula mangke inggih badhe tumbas buku tulis amargi buku tulis kula sampun telas.
b. Tembung “kulak” (kramanipun kilak) tegesipun tumbas barang-barang ingkang badhe kasade malih.
Tuladhanipun:
Daganganku lombok saiki wis entek, wingi arep kulak durung kober.
Anggen kula kilak klengkeng niki wau sekilo  kalih dasa ewu badhe kula sade malin selangkung ewu.
c. Tembung “mborong” tegesipun tumbas barang kathah, utawi sawontenipun barang dipun-tumbas sedaya.
Tuladhanipun:
Sinten ta ingkang mborong duren ingkang kasade wonten ngriki kala wau, kok sapunika sampun telas?
d. Tembung “nebas” tegesipun numbas sedaya woh-wohan (upaminipun pantun, taneman palawija, lsp) ingkang taksih wonten uwit.
Tuladhanipun:
Kula purun nebas taneman kacang ingkang wonten sabin sisih kidul punika.
Menawi badhe dipunsade, kula purun nebas rambutan lanjenengan.
 16. Tembung “ngalem”, “nggunggung”, kaliyan “ngonggrong utawi ngumpak”
a. Tembung “ngalem” tegesipun ngandharaken kabecikanipun, kalangkunganipun, kaprigelanipun, lan sapanunggilipun, wonten tiyangipun ingkang dipun-alem utawi boten, lan tiyangipun ingkang ngalem tanpa pamrih.
b. Tembung “nggunggung” tegesipun ngalem ingkang ngantos keladuk.
c. Tembung “ngonggrong utawi ngumpak” tegesipun ngalembana ingkang ngantus keladuk, wonten tiyangipun ingkang dipun-alembana, tiyangipun ingkang ngalembana nggadhahi pamrih.
 17. Tembung “cendhak”, “cendhek”, “cedhak”, kaliyan “cekak”
a. Tembung “cendhak” tegesipun boten panjang tumrap barang ingkang sumeleh.
Tuladhanipun:
Tukua garisan sing cendhak wae, sing dawane kurang saka 30 cm.
b. Tembung “cendhek” (kramanipun andhap) tegesipun boten inggil tumrap barang-barang ingkang ngadeg.
Tuladhanipun:
Mbakyunipun dedegipun radi andhap, kawon kaliyan adhinipun.
Kowe mau dikongkon ngethok kayu sing dhuwur-dhuwur thok, sing cendhek kok ya katut kokkethoki.
c. Tembung “cedhak” (kramanipun celak) tegesipun boten tebih tumrap antawisipun panggenan kalih.
Tuladhanipun:
Kowe goleka kos-kosan sing cedhak saka terminal wae!
Griya kula sapunika celak kaliyan dalemipun Pak Hadi.
d. Tembung “cekak” tegesipun boten landhung tumrap barang (pengangge) ingkang mayuk mangandhap.
Tuladhanipun:
Wulenipun pantun cekak-cekak, boten landhung tur isinipun kirang mentes.
Kowe yen metu mbok ya aja nganggo rok cekak kaya ngono kuwi, nggawea sing rada landhung.
 18. Tembung “ngiling”, “ngecuri”, “ngesok”, “nyuntak”, kaliyan “numplak”
a. Tembung “ngiling”, tegesipun ngiling saking wadhah ingkang tanpa cucuk, kadosta: ngiling wedang saking cangkir dhateng lepek (supados cepet asrep).
b. Tembung “ngecuri”, tegesipun ngecuri saking wadhah ingkang mawi cucuk, kadosta: saking ceret dhateng gelas.
c. Tembung “ngesok”, tegesipun ngesok saking wadhah dhateng barang ingkang langkung ageng (wiyar), kadosta: ngesokaken santen saking layah dhateng kwali, ngesokaken lisah saking cidhukipun dhateng wajan.
d. Tembung “nyuntak”, tegesipun nyuntak saking wadhah dhateng wadhah ingkan langkung wiyar, kadosta: nyuntak kacang saking tenggok alit dhateng tampah,
e. Tembung “numplak”, tegesipun nyuntak saking wadhah dhateng wadhah sanesipun ingkang panyuntakipun kados meh kumureb, kadosta: numplak sekul dang-dangan saking kukusan.
 19. Tembung “terang”, “cetha”, “tetela”, “genah”, kaliyan “gamblang”
a. Tembung “terang” tegesipun cetha tumrap pangertosan. Tembung “terang” ugi nggadhahi teges sampun kendel jawah.
Tuladhanipun:
Menawi sampun terang dhateng sedaya dhawuhipun, sumangga enggal kula aturi tindak.
Sapunika jawahipun sampun terang, mangga tumunten bidhal.
b. Tembung “cetha” tegesipun terang menggahing pamireng lan paningal.
Tuladhanipun:
Ngendikanipun kirang cetha, sebab panjenenganipun saweg gerok.
Yen dipun-tingali saking kiwa langkung cetha tinimbang saking tengen.
c. Tembung “tetela” tegesipun kacetha yen, terang yen, cetha sanget, terang sanget.
Tuladhanipun:
Sasampunipun tetela piyambakipun boten jujur, lajeng kepareng panjenengan kadospundi?
d. Tembung “genah” tegesipun terang tumrap kawontenaning barang. Tembung “genah” ugi nggadhahi teges runtut sarta tumata.
Tuladhanipun:
Wis genah wis tanah = sampu terang yen piyambakipun tiyang sae.
Kalawau atus sampeyan dhateng Bapak Kepala boten genah, milanipun penjenenganipun duka.
e. Tembung “gamblang” tegesipun cetha lan terang tumrap pangretosan.
Tuladhanipun:
Katranganipun Bapak Kepala Sekolah njalari gamblang manah kula.
 20. Watak “jail”, “drengki”, “ndableg”, “muthakil”, “murka”, kaliyan “melikan”,
a. Watak “jail” tegesipun remen namakaken piala murih cilakaning tiyang sanes.
b. Watak “drengki” tegesipun meri dhumateng kabegjaning tiyang sanes, namakaken sandi-upaya murih cilakanipun.
c. Watak “ndableg” tegesipun, boten ngrewes dhateng prentah, boten mraduli yen dipuntimbali.
d. Watak “muthakil” tegesipun sugih akal ingkang kangge untungipun piyambak, adamel kapitunaning tiyang sanes.
e. Watak “murka (angkara murka)” tegesipun kumedah-kedah nampi panduman kathah piyambak, sanadyan sampun nampi panduman kathah nanging meksa taksih dereng narimah.
f. Watak “melikan” tegesipun gampil ketuwuhan raos kepengin ndarbeni baranging tiyang sanes.
 21. Tembung “aneh”, “nyleneh”, “elok”, “langka”, “nglengkara”, “mokal”,  kaliyan “aeng”
a. Tembung “aneh” dipuntrapaken tumrap barang ingkang arang wontenipun, kadosta: Aneh yen ana pitik kok sirahe loro.
b. Tembung “nyleneh” dipuntrapaken wonten ing bab igkang kaduk boten limrah utawi boten kaprah, kadosta: Bocah kok nyleneh temen ta kowe kuwi, mosok dadi manten arep ditemokne kok ora gelem dipacaki, malah mung nganggo suwal cekak.
c. Tembung “elok” dipuntrapaken tumrap kedadosan ingkang boten kenging dipunkinten-kinten, kadosta: Elok banget ana lintang tiba ing Prambanan kok dienggo pamoring keris.
d. Tembung “langka” ngemu  suraos tangeh kelampahanipun, kadosta: Langka yen kowe arep dijodhokne karo Endang Sulastri, hla wong Endang Sulastri kuwi bintang film wis duwe pacar tur ya bintang film, dene kowe mung tukang ngarit.
e. Tembung “nglengkara” ngemu suaros maiben, kadosta: Apa sing kokkandhakne kuwi nglengkara, aku babar pisan ora percaya.
f. Tembung “mokal” nerangaken samukawis ingkang boten tinemu ing nalar, kadosta: Kok mokal temen, endi ana wong mati yen ora krasan kok terus bisa mulih maneh.
g. Tembung “aeng” dipuncakaken tumrap samukawis ingkang awis-awis sanget pinanggihipun: Ing Mojokerto ana wong macul nemu barang kuna kang wujude aeng banget, banjur diaturake marang pemerintah.
 22. Tembung “alon”, “rindhik”, “kendho”, “lirih”, “sareh”, kaliyan sapanunggilipun
a. Tembung “alon” tumraping pratingkah utawi tindak-tanduk, kosok wangsulipun “cukat”
b. Tembung “rindhik” tumraping lampah, kosok wangsulipun “rikat”
c. Tembung “kendho” tumraping tali, nanging asring sinilih tumraping ati, dados tembung entar.
d. Tembung “lirih” tumraping swanten, kosok wangsulipun “seru”.
e. Tembung “sareh” tumraping ati utawi napas, upamane: Sarehna atimu (sabara). Matura, yen wis sareh napasmu.
f. Tembung “tamban” alon tumrap iramaning gendhing, kosok wangsulipun “seseg”.
g. Tembung “remben” tegesipun dangu tumraping tiyang dandan (macak).
h. Tembung “tlendho” tegesipun dangu rampungipun tumrap tiyang ingkang nyambut damel.
i. Tembung “sendhet” tegesipun boten lancar tumrap ilining toya.
j. Tembung “rendhet” tegesipun boten rikat tumrap panggaraping prakawis.
0 notes