Tumgik
nabilafitriatul · 5 years
Photo
Tumblr media
Aku karo kanca-kanca relawan GM bersama guru-guru SD. hehe sepurane mbulet :((
0 notes
nabilafitriatul · 5 years
Photo
Tumblr media
Fotoku pas dadi relawan GM.
0 notes
nabilafitriatul · 5 years
Text
/aku/ #1 "Dadi Wong Mbeneh"
Assalamualaikum wr. wb. Halo cah!! Yoopo kabarmu?? Mugo2 sehat kabeh yo!! Aku kuuuangenn :)) Sugeng rawuh ing playlist tumblrku /aku/ eps.1. Lak kepengen reti kepiye tumblr ku iki, wacaen postinganku sg lekasan yo, souwun!!! Ing babagan iki aku meh crita tentang jane ngopo wae sih nabila nk ugm, lha ing bagian iki khusus tentang GM. GM iki sakjane ono dawanane yaiku Gadjahmada Menginspirasi. biyuhhh biyuhhhh biyuhhh abote jenenge :(( Ngene cah, aku ki jane yo panggah nggedabrus kaya biasae, nanging aku iki ket cilik wes duweni cita-cita kepengen dadi dosen, lak suangarr to angen2ku. Tapi aku yo sempet monyah-monyih kepengen dadi dokterlah, arsitek, pejabat, dll reno2 pokoke. Tapi aku sadar banget yen kemampuanku iki genahe yo ranutut :(( Pas aku ketrimo ugm, biyuhhh ndruedekk pokoke, trus aku ketemu wong top2, sampek terharu, sampek aku wes muanntebbb kepengin dadi dosen. Sek sek sek saurunge lanjut, sampean ki kabeh lak ketemu dosen utawa wong sg luwih tuwa yo panggah salim cium tangan pora eh?? hihi ora yo :(( Sakjane ki lak rumasaku ngonoiku ki penting buanget lo cah, pendidikan karakter jenenge. Raono sg salah lo, lak awake dewe sing enom2 iki melestarikan kebudayaan, lak iyoto? GM iki sakjane sebuah komunitas bentukan Dept. Sosial Masyarakat BEM KM UGM sg bergerak ing bidang pendidikan. Tujuan utamane yo menerapkan pendidikan karakter pada diri sendiri dan masyarakat sekitar. hehe sepurane yo cah campur2 bahasane :)) Genahe GM ki koyok gadjahmada mengajar ngunu kui lo, dadi saben dina sabtu aku karo relawan liyane menyang SD sg wes MOU-an gawe kerjasama iki. Aku karo kanca2ku gawe rancangan disek babagan opo kang arep diimplementasikan gene adik-adik penerus bangsane awak dewe iki. Pendidikan karakter ki reno2, misal norma dan moral, kesehatan mental, kesehatan lingkungan, behhh akeh pokoke. Saiki lak yo jek panas-panase beritane audrey to? Ngopo sih sampek kedadeyan ngono iku, yo mung siji, pendidikan karakter e kurang. La njuk menyang ngopo aku iki melu kegiatan ngene iki? lak yo malesi, saben sabtu kudu nyang SD? lak yo ora digaji? trus untunge opo? LHA IKI, IKI, IKI... Lak rumasane wong2 iki kegiatan malesi, yo rumasaku malah iki peluang besar, sepisan aku oleh ilmu kepiye ngoceh bauk nk ngarepe wong akeh, kapindo aku oleh kanca akeh sing bakale dadi relasi, katelu ilmu cethekku iki akhire bermanfaat gawe wong liya, kapapat aku oleh pengalaman sing iso dak nilai opo apik elekke, kalima aku isa belajar memahami karakter e wong akeh. Pendidikan karakter bagi bocah cilik lan pemuda ki rumangsaku puenting banget. Masa depan Indonesia ki ono ing tangane mereka. Lak sampek kegagalan pendidikan karakter iki terus berlanjut lakyooo bongko awake dewe ki pas menghadapi revolusi industri 4.0 karo bonus demografi. Aku bayangne kok nko maleh udur2an, gelut karo kanca dewe, lok2an nk ndi2, aduduhhhhhhh jan ramiashokkkk. Makane kui, sakjane iki langkah awalku, yo gak2e ben kehidupanne anak-putuku ki tentrem, damai, berintelek, ben pantes lak disawang negara liya. Alasanku kepingin dadi dosen ki, yo ben gak putus teko kene wae perjuanganku membumikan pendidikan karakter iki, yo ben mbesuk ocehan baukku iki menawa bener lan migunani ben diteruske karo mahasiswa lan murid2ku. Uga tindakan sing dak lakoni iki mugi2 iso nginspirasi sampean kabeh ben bijak, contohe bijak nggunaake sosmed, bijak nanggepi omongane wong, lan sapiturute. Behhh sepurane ya critoku kedawan. Wes cukup semene wae mugi2 bermanfaat ya!! Suwun wes maca critaku :))) Wassalamualaikum wr. wb.
0 notes
nabilafitriatul · 6 years
Text
LEKASAN / INTRODUCTION
Assalamualaikum wr. wb.
Dumateng rekan rekanita onlen ingkang berbahagia ❤
Ing tumblr-ku iki, aku nabilafitzzz meh nge-posting opo wae seng tak senengi, aku meh posting nganggo basa jawa, ngoko, lha nyapo??? yo mergakne aku jek durung iso sakliyane ngoko, sok lek ws iso, gampang, rausah dikongkon, aku bakalan pamer dewe.
Basa jawa seng tak nggo iki, rodok, monyah manyih, kadang jawa jatim-an, kadang yo jawa jogja-soloan, lha nyapo??? yo mergakne aku golek sg pas ben opo sg arep tak sampekne iso tekan nggen.
Aku yo bakalan menehi playlist lur, ben yo rodok nggaya, rasah kakean fafifu, iki playlist tumblrku:
1. AKU
ing bagian iki aku arep berbagi perihal opo wae kegiatanku, kuliahku yoopo, kabare dulur2ku, keadaan desoku, wes pokoke kabeh tentang aku @nabilafitriatul uhuyy.
2. RUMASAKU
ing bagian iki aku arep berbagi perihal opo wae seng tak pikirne, pendapatku mengenai sesuatu sing lagi viral opo sing wis lawas tapi tak up maneh, pokoke iki tentang pendapatku.
3. BOTI (Buku Opo To Iki?)
ing bagian iki aku meh berbagi perihal review-anku tentang buku sg wis tahu dak waca, yo mugo-mugo sanguku kenek dingge tuku buku.
4. SOTI (SOpo To Iki?)
ing bagian iki aku meh berbagi perihal seseorang sing menurutku menginspirasi, positif lan negatif, iso nko aku takon langsung nek wong e, ngewasap wong e, maca biografine, ta piye caraku nko, pokok bagian iki nyritakne uwong kang menginspirasiku utawa uwong kang duweni sifat kurang apik, ben sifat e sing kurang apik iki ogak nulari aku uga kanca-kancaku.
5. GABUTKU
ing bagian iki yaiku bagian masterpieceku, mergo ing kene aku bakalan njajal-njajal ngarang geguritan, cerkak, lan opo wae sing iso dak ciptane utawa dak karang.
Tumblrku iki ora mengandung basa jawa sing bener lan apik, kabeh isih ngawur, aku mek sokor nulis tok. Nanging aku yo berusaha ben tulisanku iki iso bener-bener nganggo basa jawa sing pener lan apik, kaya ing majalah-majalah jawa ngono kae.
Intine aku nggawe tumblr iki, mung pengen bagi-bagi pengetahuan, ilmu, karo guyon tipis-tipis. Ing kene aku ora pengen gurui uwong, berusaha ngewehi wejangan ta piye-piye, ora, iki murni aku mek pengen crita tok karo bagi-bagi ilmu lan wawasan.
Dene akeh luput e aku nyuwun agunging samudra pangaksami dumateng rekan rekanita onlen sedaya. Monggo diaturi kritik kaliyan saran, mbok bilih enten ingkang lepat monggo kawula dipun aturi. Kersane kula sumerap lepate ing pundi lan saget benahi.
Cekap semanten bab "lekasan" menika, mugi-mugi barokah lan bermanfaat dumateng panjenengan sedaya.
Wassalamualaikum wr. wb.
0 notes